Kompetensi: Mengapresiasi teks fiksi cerita rakyat sesuai konteks
secara lisan dan tulisan.
Indikator:
1. Siswa mampu mempresentasikan sebuah cerita rakyat dengan tata bahasanya sendiri dengan sopan dan santun
2. Siswa mampu mengambil pesan moral dari sebuah cerita rakyat
Keong mas
Kira-kira wis setaun desa Dhadapan ngalami mangsa ketiga kang dawa dadine larang pangan lan akeh lelara gawe uripe warga ketula-tula.
Ora beda mbok Randha Dhahapan, pawongan wadon
tuwa sing lola tanpa dulur, nggo nyambung uripe sabendinane dheweke luru
krowodan ing alas kewan. Kewan kali kang nyisa ing sawedhing mbebegan. Kahanan
kaya mangono dheweke ora nggresula. Malah saya nyaketake marang Gusti Kuasa.
“Duh Gusthi paringana pepajar ing desa kula mugi-mugi inggal kalis saking
prahara punika.”
Esuk-esik mbok Randha menyang alas golek panganan. Nalika lagi milang-miling ruh cahya cumlorot saka sak tengahing kali kanga sat. Ing batine tuwuh pitakon "Cahya apa kuwi, kok cumlorot kaya emas?" banjur nyedaki sumber cahya mau. Bareng dicedaki jebul sawijining Keong Mas kang nyungsang ing antara watu-watu kali. Keong banjur digawa mulih tekan ngomah dicemplungake genthong.

Kaya biyasane, mbok Randha menyang alas
nanging nganti meh surup urung entuk krowodan dheweke banjur mulih ngelanthung
ora entuk opo-opo. Sakwise leyeh-leyeh ing emperan dheweke nyang pawon menawi
ana krowodan kang biasa ganjel wetenge kang luwe. Dheweke kami tenggengen
ngerti panganan kang ing pawone. Batine kebak pitakon sopo sing ngeteri
panganan kuwi. Ing saben dina sak bacute saben mulih ko alas pawone wis cumepak
panganan. Mula kanthi sesideman dheweke ndedepi sapa kang mlebu ing pawone.
Mbok Randha kaget ora kinara. Saben ditinggal
lunga Keong Mas mau metu saka genthong malih dadi putri kang ayu. Mbok Randha
banjur nakoni sapa sejatine putri ayu kuwi.
“Nduk wong ayu sliramu iki sapa kok nganti
kedarang-darang ing alas lan jilmo Keong
Mas ?”
“Yung aranku Candrakirana, aku iki garwane
Raja Inukerta. Raja ing Jenggala.”
“Lho kok nganti dadi Keong
Mas lan tumeka alas
Dhadapan kuwi larah-larahe kepiye ?”
Dewi Candrakirana banjur njlentrehake menawa
ing sakwijining dina dicidra Raja Jin Sakti kang kareb ngepek garwa. Ananging
dheweke ora gelem nuruti karepe Jin. Jin muntab, Dewi Candrakirana sinebda
dadi Keong
Mas banjur diguwang
nyang kali, adoh saka kraton Jenggala. Wekasane ora bisa ketemu karo garwane
Inukerta. Anehing kahanan nalika kecemplungan Keong
Mas kaline dadi
asat. Asate banyu jalari Keong
Mas nyungsang ing
watu nganti nemahi tiwas. Bejane ditemu lan diopeni Mbok Randha Dhadapan.
Mula kuwi yen supaya aku ora konangan Raja Jin aku tak ndelik neng kene anggepen aku anakmu dhewe lan wenehana aran Limaran. Lagi saktengahing rerembugan, ana swara lanang di dhodog Mbok Randha banjur mbukakne lawang. Dhayoh kang sandangane nuduhake punggawa kraton, crita menawa dheweke diutus Raden Inukerta supaya njaluk banyu kang diwadahi bokor kencana.
Nampa kendhi pratala kang diwadahi bokor kencana, Raden Inukerta sauwat kaget amargi kelingan ora ana liyane sing kagungan kendhi pratala diwadahi bokor kencana kajaba Dewi Candrakirana. Raden Inukerta banjur ngajak para punggawa bali nyang Dhadapan nemoni Limaran. Eeeba bungahe Raden Inukerta ketemu Limaran kang sejatine garwane dewe Dewi Candrakirana kang wis suwe ilang. Ketemune Raden Inukerta karo garwane dibarengi udan deres ing desa Dhadapan. Tekane udah wise pageblug ing desa Dhadapan. Kali bali mili, tlaga agung, desa dadi reja. kabul panyuwune Mbok Randha Dhadapan.

Tugas untuk kelas 7
1. Presentasikan
cerita tersebut dengan tata bahasa yang sopan dan santun sesuai dengan tata
bahasa jawa!
2. Pada
cerita yang disajikan pesan moral apakah yang ada pada cerita tersebut!
saka sumber: http://aakkuucintaindonesia.blogspot.co.id/2012/11/cerita-rakyat-bahasa-jawa-keong-mas.html